Sabtu, 04 Februari 2012

Pidato Basa Jawa ( Sesorah )


Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Wilujeng siyang kagem sedayanipun. Mugi kasugengan, katentreman, karaharjan tumanduk dhateng kula tuwin panjenengan sedaya.Pakurmatan ugi katur Ibu kepala sekolah, Bapa kaliyan Ibu satuhu luhuring budi, lan para kanca ingkang kula tresnani.
Minangka titahing Gusti Allah ingkang Maha Ageng, sumangga panjenengan sedaya dherekaken muji syukur dhateng Allah ingkang sampun paring rahmat, hidayah, kaliyan taufik, sahingga saged makempal. Boten kesupen kula ngaturaken panuwun ingkang kathah dhateng wonten acara.
Boten kraos kula sakanca sampun tigang warsa dangunipun anggen kula sinau ing pawiyatan punika, ateges anggen kula sinau ugi sampun rampung. Manawi nuruti pangraos kula sakanca taksih krasan lan remen dipunwuncal Bapa Ibu. Purun boten purun kula kedah murnani.
Saderengipun nyadhong pangaksama ingkang kathah awit kula sampun kumawatun nyela atur anggen panjenengan sami sakeca ngendikan, awrat ngemban dhawuhipun kanca-kanca kelas IX badhe atur pamit.
Kula sakanca ngaturaken panuwun ingkang tanpa pepindhan Bapa tuwin Ibu ingkang sampun paring piwucal tuntunan, pitutur kanthi sabar lan tlatos. Mugi-mugi kawruh lan kesaenan kasebat dados amal saleh. Dene, kula sakanca amung saged muji mugi-mugi Bapa Ibu tansah pinayungan kawilujengan, bags waras, lancar rejekinipun.
Makaten atur kula, bokbilih wonten kalepatan atur kula nyuwun pangaksami.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

0 comments:

Posting Komentar

Leave Comment ^^

Template by:

Free Blog Templates