Senin, 14 November 2011

Cerita Wayang Basa Jawa


Dumadine Tlaga Mandirda
Ana sawijining resi kang gentur tapane, jenenge Resi Gotama, kang mapan ing Agrastina. Dheweke resi kang nduweni sisihan sawijining widodari kang ayune pilih tandhing, arane sang Dewi Windradi. Resi Gotama lan Dewi Windradi diparingi momongan cacah telu, yaiku Dewi Anjani, Guwarsa, lan Guwarsi. Wektu sernana uripe Resi Gotama lan Dewi Windradi sawise diparingi momongan, tansah ayem lan tentrem.
Kocapa ing sawijining wektu, Guwarsa lan Guwarsi sawise ngancik dewasa, sowan marang ramane Resi Gotama. Jroning sowan marang ramane, ora liya nyuwun pirsa marang ramane, mbakyune, Dewi Anjani, duwe dolanan Cupu Manik Astagina. Perlu kawuningan Cupu Manik Astagina, biso kanggo nonton jagat saisine. Sang Resi Gotama sanalika kaget, jalaran dheweke ora rumangsa maringi dolanan mau marang Anjani. Ora sranta Resi Gotama methuki Dewi Anjani lan takon kepriye larah-larahe kok enthuk Cupu Manik kasebut. Dewi Anajani blaka suta yen sing maringi ora liya ibune dhewe ( Dewi Windradi ). Kaya ngapa nesune Resi Gotama, sang Resi ngerti sing duwe Cupu ManikAstagina ora liya mung Bathara Surya. Ing bathin Resi Gotama ngira Dewi Windradi ana sesambungan peteng klayan Bathara Surya. Pungkasane Resi Gotama kanthi kerot, takon marang garwane babagan Cupu Manik Astagina. Dewi Windradi ditakoni sang Resi, ora aweh wangsulan, mung meneng utawa mbisu. Sang Resi Gotama nesune ora bisa diampet, pungkasane Dewi Windradi disotke dadi watu, nuli ditendhang tumeka alas Dandaka.
Kocapa, putra-putrine tetelu nangis bebarengan, padha njalukake pangapura marang ramane. Emane bebasan “sega wis dadi bubur”, wis kebacut unine, Dewi Windradi kudu nglakoni dosane. Sang Dewi bisa malih dadi manungsa maneh, besuk yen ana perang gedhe negara Ngalengka.
Ora tekan semono dukane Resi Gotama, nuli Cupu Manik Astagina dibuwang menyang alas. Ora dinyana, playune cupu nyemplung ing tlaga kang banyune kinclong-kinclong, diarani Tlaga Madirda Wangune playune Cupu Manik Astagina dioyak dening Guwarsa lan Guwarsi, nganti direwangi nyemplung tlaga lan slulup. Bareng nggoleki ora ketemu nuli mentas, pungkasane lelorone malih dadi kethek. Malah padha gelut adu kasekten. Semono uga Dewi Anjani teka keri-keri, saking panase dheweke nyedhaki tlaga, enggal-enggal dheweke wisuh lan raup. Kaya ngapa kagete dene raine lan tangane malih kaya wulu kethek.
Dewi Anjani ngerti sing lagi perang tandhing mau adhine dhewe, pungkasane dipisah dening mbakyune. Bareng wis padha sadhar lan nglenggana, Dewi Anjani, Guwarsa lan Guwarsi mulih sarta ngadhep Resi Gotam, lan ngaturake kaluputane. Sang Resi Gotama paring wulangan, kang surasane ora besik yen nganti rebutan kang dudu darbeke, wusana kang dijangka ora bakal kaleksanan, Guwarsa lan Guwarsi diganti jenenge Sugriwa lan Subali. Kanggo nebus dosane, anak tetelune mau nindakake tapa. Dhawuhe Anjani tapa mencolot-mencolot kaya kodhok, Sugriwa tapa nggandul kaya lawa, dene Subali tapa ngadeg ngececer lan sedhakep ing alas Sonyapringga.

1 comments:

fesaliana mengatakan...

ceritanya ditambah lagi ya?bagus banget

Posting Komentar

Leave Comment ^^

Template by:

Free Blog Templates